Pages

Tuesday, February 10, 2015

KPK, POLRI LAN PEJABAT LIANE OJO TERUS KUCING-KUCINGAN

Negeri iki duwek'e rakyat indonesia, uduk duwek'e presiden, polisi, kpk, parpol, lan sak pinunggalane. Sampean-sampean iku di bayar rakyat uduk duwit banjir soko langit. Sampean kabe duwe tanggung jawab mikir masalahe rakyat uduk ambisi, gengsi lan kehormatan awak'e dewe-dewe, golongan, institusi sampean dewe2.
Nyuntuo Abu Bakar r.a nalikane dewek'e dadi kholifah, paham nek di bayar rakyat moko dewek'e sadar dadi burue rakyat. Naliko bengi2 krungu ono kluarga sing ora iso turu gara2 nele wetenge, Abu Bakar langsung brangkat nang baitul maal jupuk gandum karungan di tenggoluk dewe. Naliko pegawai baitul maal ngangkat gandum mau, Abu Bakar nesu, "ngangkat karung iku tugasku uduk tugasmu, aku iki di pilih lan dibayar rakyat, ngantek ono rakyat nele iku dosaku".
Aku yakin ati sing paling jeruh sampean paham bener opo sing sampean lakoni, salah opo bener, iri dengki opo kejujuran, kanggo rakyat opo institusi sampean. Gusti Alloh ugo ngerti opo karepe sampen.
Aku wong cilik mung iso dongo nek sampean2 ngurus negoro iki di gawe kucing-kucingan, mugo2 sesuk sampean dadi kucing beneran.

sumber : https://www.facebook.com/edi.zunnun